Lewati ke konten utama
Logo Yayasan Roudlotul Qur'an

Lintang ing Jagad Pendhidhikan

Lintang ing Jagad Pendhidhikan
Karya Guru Dania Alif Rahmah S.Pd — Guru Bahasa Jawa Karya Tulis 2026 3x dilihat

Lintang ing Jagad Pendhidhikan

Dening: Dania Alif Rahmah

Panjenengan tansah nuntun

Lumakuku ngambah dalaning kawruh

Menehi pepadhang tanpa rasa ngresula

Menehi pitulungan kanthi rasa bagya mulya

Esemmu kaya banyu kang nentremake manah

Nelesi rasa nelesi raga

Nggugah ati nggugah pakerti

Muga tansah migunani mring sesami

Panjenengan kayata lintang ing petenge ratri

Menehi pangarep- arep kanthi welas asih

Piwulangmu tanpa rasa pamrih

Kanggo kapinteran putra putri negari

Matur nuwun lintange jagad pendhidhikan

Tansah mituhu anerangi jagad nuswantara

Pangajabku kang rinonce sajroning jiwa

Muga pinaringan kamulyane Gusti kang maha wicaksana



Bagikan:

Karya Guru Lainnya